Newest Post

// Posted by :Unknown // On :Sabtu, 08 Februari 2014



ORA BEJO
Dening : Zein Naufal Eriko

Dina iku yaiku dina kang paling diarep-arep karo Brian, amarga dina kuwi tim bal-balan andalane Brian bakal main ning final Liga Champion. Brian nduweni niat bakal nonton bareng kang dianakake ing salah sawijining cafe ing Semarang. Acara iku bakal diselenggarakake jam 2 isuk utawa dini hari. Padahal sesuke yaiku tanggal 20 November kang bakal dianakake upacara pengetan Hari Pahlawan kangge mengeti jasa pahlawan Indonesia ing halaman sekolahe. Ananging Brian tetep pengen ndelok, amarga kuwi tim bal-balan kang paling disenengi karo Brian.
Wektu iku pas wayah ngaso sing kesiji, Brian ketemu Joko ning kantin. Joko iku kanca sekelase Brian, ananging Brian ora cedhak karo Joko amarga Joko lungguhe ning ngarep nanging Brian lungguhe ning mburi. Joko iku wonge pinter, sregep , sopan , lan taat. Amarga iku Joko disenengi karo guru-guru neng sekolahe, nanging Joko iku wonge menengan lan ora seneng kumpul-kumpul bareng kanca-kancane.
“ Eh Jo... kwe ngerti rak yen mengko bakal ono opo ? “,pitakone Brian.
“ Ngerti... yen mengko bakal ono guru galak lan killer sing bakal ngajar   dewe to...? “, wangsule Joko karo PEDE.
“ Dudu kuwi maksute “.
“ Lha trus opo ? "
“ Mengko bakal ono pertandingan final bal-balan tim seng tak senengi “.
“ Oooo... emang jam piro maine ? “
“ Jam 2 “.
“ Walah.. panas-panas kok bal-balan to.. ! “ ngomonge Joko polos.
“ Gundulmu !!! Maine ki jam 2 dini hari lee... !!! “
“ Ooo.... Lha brati sesuk to maine ? Kwe kok ngomonge mengko ? “
“ Arghhh.... karepmu wes “, wangsulane Brian karo jengkel.
“ Lha kwe meh nonton jam semono ? “
“ He’e lah lha wong tim favoritku... ! “
“ Tapi kan sesuk ono upacara mengeti dina Pahlawan ? “
“ Rakpopo sekali-kali “
“ Yoweslah “
Banjur Brian lan Joko mbalik kelas bareng-bareng lan nerusake pelajaran nganti mulih sekolah.
“ Teng... teng... teng... “, bel mulih sekolah wis muni, cah-cah banjur bali menyang omahe dhewe-dhewe. Brian ketok lemes lan raine pucet. Kuwi amarga esukke Brian durung mangan, nanging ngaso sing ke siji dheweke ora jajan amarga kesuan omong karo Joko lan ngaso seng ke loro Brian kudu remidi Matematika, ditambah mau ono pelajarane guru kang galakke setengah mati.
Banjur tekan omah Brian langsung turu amarga awakke wes rak kuwat. Tangi-tangi Brian langsung adus lan lunga menyang omahe kancane kanggo ngerjakke tugas kanggo sesuk. Tekan nggone sirahe Brian ngelu meneh, banjur Brian mulih lan turu meneh.
Wengine, sirahe Brian tambah nyut-nyutan lan Brian ngrasa kademen. Amarga kwatir, Brian banjur digawa ibune menyang dokter praktek kang ora adoh saka omahe. Tekan nggone jebul dokter kuwi ora mbukak praktek, banjur Brian mulih karo ibune.
Brian sakjane isih duwe tugas kang durung dirampungke. Tugas iku sakjane arep digarap bareng-bareng karo kancane mau. Amarga sirahe isih ngelu Brian ora iso ngerjakke tugas iku, banjur Brian langsung turu. Sadurunge turu Brian nyetel alarm jam 01.00 dini hari, kanggo nonton bareng.
“ Kriiing....” alarm hp ne Brian wis muni,banjur Brian siap-siap lan ora lali nganggo klambi bal tim favorite. Sakjane sirahe Brian isih rada mumet, nanging Brian tetep meksakke kahanane kanggo ndelok tim favorite main.

Brian lunga meneng-meneng ora pamitan won tuwane. Brian nuntun montore rada adoh saka omahe supaya ora ketahuan wong tuwane. Banjur wis rada adoh, Brian langsung nguripake montore lan langsung mangkat menyang cafe kang rada adoh saka omahe. Uwis luwih saka separo dalan montore Brian mandek. Jebule bensine entek. Brian kepeksa nuntun montore amarga nanggung wes meh tekan cafe. Lagi sediluk nuntun montore, ujug-ujug udan deres banget. Amarga wis kebacut teles kebes, Brian sisan udan-udanan menyang cafe.
Tekan cafe Brian bingung. Ing cafe iku sepi banget ora ono suporter babar blas. Banjur Brian takon karo satpam ing cafe iku.
“Pak nyuwun sewu... niki kok mboten wonten suporter sing teka nggih?”
“Oalah nang..nang, lha wong udan deres banget ngene sopo seng arep teko?”
“Nggih sampun nggih pak, matur nuwun.”
“Nggih... nggih sami-sami.”
Banjur brian mulih karo nuntun montore iku.
 “ Walah jan...jan wis sirah mumet, montor mogok, keudanan, tekan nggone malah rak sido, nasib-nasib.”, kandane Brian marang awakke dhewe.
Sesuke Brian tangi kawanan amarga kedadean kang ora ngenakake mau. Tekan sekolahan kanca-kancane wis baris rapi melu upacara, mung Brian tok seng telat. Brian disetrap kon baris ning ngarepe murid-murid sasekolahan, dhewekke isin banget. Sawise upacara, murid-murid langsung mbalik ning kelase dewe-dewe.
Pas kuwi pelajaran guru kang galake setengah mati, murid-murid didhawuhi ngumpulake tugas kang diwenehake wingi. Seng liya wis pada ngumpulake, nanging Brian durung ngerjakake. Brian diseneni entek-entekan karo guru kuwi, lan Brian disetrap kon ngresiki kamar mandi lanang kang ambune pesing banget.
Joko nekani Brian amarga mesakke, lan Joko kanda, “Mula apa sing mbok senengi aja terlalu mbok senengi, kuwi kadang-kadang sing iso nggawe koe lali apa sing dadi kewajibanmu”.”He’e Jo... aku gela, iki emang dudu bejoku”.

Leave a Reply

Subscribe to Posts | Subscribe to Comments

// Copyright © Zein's Blog //Anime-Note//Powered by Blogger // Designed by Johanes Djogan //